Dolanan Remi, Wong Papat Detangkep Pulisi

SENAJAN neng njero wulan puasa, tengane egin ana bae wong sing dolanan judi remi. Kayong ora ana kapok-kapoke, senajan wis akeh wong sing dejeblosaken maring mbui. Winginane Unit Reskrim Polsek Jatilawang ngrebeg lan nangkep wong papat sing agi buket-bukete dolanan judhi remi neng Desa Gentawangi Kecamatan Jatilawang, Banyumas.
Nek ujare Kapolsek Jatilawang, AKP Sukandar, wong papat sing detangkep pulisi inisiale AB (28) warga sekang Desa Purwojati lan KK (63), TF (45) karo SG (26), sing asale sekang Kecamatan Jatilawang. "Wong papat kuwe detangkep pas agi dolanan judi remi neng salah sijine umahe tersangka, neng Desa Gentawangi Kecamatan Jatilawang," omonge.
Pak Sukandar njlentrehaken, wiwitane kedadeyan, pulisi olih lapuran sekang warga babagan wong sing agi dolanan judi remi. “Bosa pulisi olih lapuran sekang warga sing ngerti, nyong langsung ngongkon anggota pulisi men nylidiki bener apa ora lapuran kuwe. Sedurunge detangkep, perkara kuwe kudu bener-bener degenahaken men ora salah," ujare maning.
Bosa pulisi olih data-data lumangyan pepek, pulisi gageyan ngepung umahe salah sijine tersangka. Pulisi gageyan mlebu maring umah sing deenggo nggo judi remi. Wong papat sing agi buket-bukete dolanan remi ya kaget lan padha agepan mlayu.  “Seliyane nangkep wong papat, pulisi ya ngamanaken barang bukti seset kartu remi karo dhuit cacahe satus rong puluh ewu," omonge.
Neng arepe pulisi, wong papat kuwe ngakune sedina-dinane ngodhe dadi buruh, supir lan tukang ojek. Wong papat kuwe ngakuke dolanan judi remi, anu mungkur gluweyan. "Wong papat kuwe ngakune anu kur dolanan thok, merga taruhane kur rong ewu gutul limang ewu. Ningen wong papat kuwe tetep detangkep lan deancem Pasal 303 KUHP babagan judhi sing ancemane limang taun mbui," ujare.
Guweh sedulur kawus sih ora mbok? Senajan ngakune anu mungkur dolanan, sing jenenge judhi kuwe genah-genah nglanggar platuran, dadi bakal tetep dejiret ukuman. Nek wis kaya kuwe mbok ngenes dhewek kudu badanan neng mbui. Tujune agepan badan karo kluargane, cempuleke malah badan neng mbui sing adem lan adoh sekang kluarga. (M Abdul Rohman-03)

Wis demuat neng Harmas 6 Juli 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...