Merga Dhuit Rongewu, Wong Loro Depenjara Setaun

SING jenenge ciu, vodka utawa inuman haram liyane kuwe nggawe wong mendhem. Nek wis mendhem, apa-apa sing lakoni ya wis ora nggenah. Mulane sih pulisi cokan nggrebeg lan ngamanaken inuman haram sekang wong sing dodolan. Nek dideleng sekang manpangate, sing jenenge ciu utawa vodka kuwe babar blas ora nana manpangate. Malah bagen teyeng nggawe wong liya cilaka.
Kiye kaya crita sing agepan tek critakna dina siki. Dadi ana wong loro desidhang neng Pengadilan Negeri Purwokerto lan deponis setaun mbui, mergane pas mendhem neng  Terminal Bis Purwokerto malah mblati ewong. Janjane kedadeyane wis lawas, antarane wulan Februari mbiyen. Ningen amerga tungtutan sekang kurban, wong loro kuwe ya ndengkluk kisinen neng sidhang winginane.
Nek werta sing dekumpulaken Harmas, wong loro sing desidhang kuwe arane Raditya Sabdo (24) wong sekang Kelurahan Teluk lan Dwi Maryanto (23) wong sekang Kelurahan Karangklesem Kecamatan Purwokerto Selatan. Neng sidhang sing depingpin Pak Hakim I Wayan Yasa, wong loro kuwe deputus setaun mbui miturut Pasal 351 ayat (1) KUHP jo Pasal 55 ayat (1) kaping siji babagan penganiayaan.
Anane putusan pak Hakim kuwe, pak Jeksi Yudika Sitanggang sing neng sidhang sedurunge nungtut setaun luwih patang wulan ya ngakune wis nrima anane putusan kuwe. Dadi nek critane kaya kiye lur, pas wulan Februari, dina Slasa (10/2) antarane jam pitu wengi Raditya kambi Dwi padha mabok-mabokan neng lawang metu Terminal Bis Purwokerto.
Bosa wis mendhem, wong loro kuwe banjutan pindah enggon neng njero terminal, posisine neng nggon kumbahan bis. Dadi pas agi mendhem, Teguh Budi, wong sekang Purwokerto liwat. Dwi ya langsung malak dhuit maring Budi cacahe rongewu perak. Ningen amerga Budi pas kuwe ora nyekel dhuit cilik dadine ngomong ora nana maring Dwi sing ndina-ndinane dadi tukang ngamen.
Krungu Budi ngomong ora nduwe dhuit receh, Dwi langsung kesuh lan ndorong-ndorong Budi. Weruh brayane agi ribut kambi warga, ijig-ijig Raditya menyat lan njikot blathi sing dedokon neng sak clanane. Raditya sing padha-padha mendhem ya wis langsung bae nyeset pupu kiwene Budi ngangsi getihen. Budi ya gageyan lunga lan njaluk tulung maring warga liyane.  
Dadine wong loro kuwe teyeng decekel lan dejeblosaken maring mbui. Ngangsi siki ya wonge egin ngringkuk neng mbui. Kawus sih ora nek wis kaya kuwe mbok ya lur. Kiye kudune kena nggo dadi pengemut sedulur kabeh men aja nglakoni tumindhak sing kaya kuwe lah ya. Tulung aja mendhem lah ya, padha ingsap, sedelat maning puasanan mending nglakoni kebagusan. (M Abdul Rohman/05)

Wis demuat neng Harmas 16 Juni 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...