Ora Sida Ngodhe, Cah Lima Ngamplengi Jonathan

MBOK ya ha wis padha gedhe, gole ngadepi perkara ya aja nggo emosi. Tulunglah Sedulur kabeh, nek ana apa-apa aja cokan kesuh-kesuk banjutan ngampleng nggo tangan utawa tumindhak sing ndadikna wong liya lara. Nek ana perkara janji kampleng kaya kuwe ya bubar pasar. Tujune agepan ngrampungaken perkara, malah dadi nambah perkara.
Kiye kaya crita sing agepan tek critakna neng Geger Mower dina siki. Dadi ana wong ngaweh ngerti kodhean neng Jakarta, bosa sing deawehi gelem mangkat, kodhean kuwe koh ningane ora sida. Wong sing deawehi kodhean kuwe ya dadine mutung-mutung, banjutan ngundangi kanca-kancane tujune agepan ngroyok wong sing ndebus ngaweh ngerti kodhean neng Jakarta kuwe.
Nek ujare Kapolres Cilacap AKBP Ulung Sampurna Jaya SIK MH liwat Kapolsek Sidareja AKP Supriyadi SH, andhing wingi pulisi sekang Reskrim Polsek Sidareja ngamanaken wong lima sing ngroyok Jonathan David Eduardo Selanno (19) cah sekang Jalan Nakula RT 01 RW 02 Desa Gumilir Kecamatan Cilacap Utara, Cilacap. Jonathan dekroyok  cah lima neng pesawahan Desa Tegalsari Kecamatan Sidareja.
Supriyadi njlentrehaken cah lima sing ngroyok Jonathan arane Imam Majid Hakim alias Genjong (23) karo Us Widiyanto alias Bagol (24) cah Desa Tinggarjaya Kecamatan Sidareja, Erik Hermawan (20) cah Desa Kaliwungu Kecamatan Kedungreja, Kasani alias Lehor (22) cah Desa Sidareja Kecamatan Sidareja lan Bagus Supriyatno alias Torek (19) cah Desa Tegalsari Kecamatan Sidareja, Cilacap.
“Bosa olih lapuran sekang kluargane Jonathan, pulisi langsung nggolet cah-cah sing ngroyok Jonathan. Cah lima kuwe teyeng deamanaken kambi motor telu sing denggo karo puntung rokok sing deenggo nggo nyundut kulite Jonathan. Nek ujare cah lima kuwe, wiwitane kedadeyan merga Jonathan sing pernah aseng ngodhe neng Jakarta nakona gelem apa ora mangkat maring Jakarta,” ujare Supriyadi.
Ningen bosa gelem detawani ngodhe maring Jakarta lan wis siap-siap nggawa apa-apa sing agepan degawa, Jonathan ngomonge kodheane ora sida. Dadine cah lima kuwe ya mangkel, ngrasane kaya delemboni. Dadine cah lima kuwe ya kroyokan ngantemi Jonathan ngangsi bitha bithu, raine padha abuh, lambene pecah ngangsi getihen lan sirah mburine ya kicir getih.
“Pulisi sing olih lapuran karo ngumpulaken data-data ya langsung nangkep cah lima sing ngroyoki Jonathan. Cah lima karo barang buktine wis deamanaken neng Mapolsek Sidareja nggo kepentingan slidik. Cah lima kuwe ya dejiret nggo pasal 170 KUHP babagan wis ngamplengi wong kambi bareng-bareng, anceman ukumane ya debui limang taun,” omonge nandesaken. (M Abdul Rohman,gn/05)

Wis demuat neng Harmas 7 Maret 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...