Ora Teyeng Nikung, Angkot Ngancab Motor Loro

NUMPAK tunggangan mbok yaha aja padha banter-banter, aso ningen sing penting slamet. Mbok kaya kuwe karepe sedulur? Pernahe wis pirang dina kiye kedadeyan kacilakan jean kayong ana baen. Wingi nyong olih werta, jarene durung suwe ana angkot lajune ngloyor bae pas neng tikungan, sidane ya nyasak wong sing padha nunggang motor ngangsi kudhu degawa maring rumah sakit.
Nek werta sing detampa Harmas sekang cathetane pak pulisi, kedadeyan kuwe ana neng Jalan Raya Gunung Tugel Kelurahan Karangklesem Kecamatan Purwokerto Selatan, Banyumas dina Ahad (19/4) andhing wingi. Amerga deancab mobil angkot,  wong loro sing nunggang motor kambi penumpang loro lan supir angkot kuwe ya kudhu mlebu rumah sakit merga angkote ya mlebu maring wangan.
Nek ujare Gunawan (35), wong sing nakseni kedadeyan kuwe, kacilakan kedaden antarane jam tengah telu sore. Wiwitane kedadeyan, angkot sing desupiri Imam Muhadi (35), wong sekang Kelurahan Kober Kecamatan Purwokerto Barat laju sekang lor mandhan banter. Bosaa gutul ngarep warung bakso, posisi dalane nikung maring kiwe lan medhun ijig-ijig angkote koh ngloyor dadine nglewang maring tengen.
Ndilalah wektu kuwe ana wong nunggang motor Suzuki Sky Drive, arane Driyatno (29) boncengan kambi bojone Dwi Pujiastuti (24), wong sekang Desa Karangnanas Kecamatan Sokaraja. Merga jarake wis kadhung pedhek, angkot kuwe ya nabrak sing nunggang motor Suzuki. Ora gutul kuwe thok, supir angkote ya njajal mbanting setir maring kiwe ningen ora mandheg malah njungkel.
Pas njungkel, angkot kuwe koh egin ngloyor bae, dadine malah nabrak motor Yamaha Jupiter sing detunggangi Rizal Abdullah (20), wong sekang Kelurahan Karangklesem Kecamatan Purwokerto Selatan. Bosa nabrak motor Jupiter, angkot kuwe nembe mandheg. Merga kedadeyan kuwe, wong sing padha nungang motor kambi sing mbonceng ya padha tatu.
Wong loro sing nunggang angkot, Sarinah (57) wong sekang Desa Teluk Kecamatan Purwokerto Selatan kambi Utami Pratiwi (49), wong sekang Kelurahan Kober Kecamatan Purwokerto Barat ya melu benjut sekabehan awake. Malahan si supir ya padha tatu merga angkote ngjungkel neng wangan. Warga sing nakseni kedadeyan kuwe banjutan nulungi wong enem sing cilaka.
Wong sing cilakan ana sing degawa maring Rumah Sakit Wiradadi Husada Sokaraja, ana sing degawa maring Rumah Sakit Umum Daerah (RSUD) Margono Soekarjo Purwokerto men olih pitulung. Nek ujare Kanit Laka Lantas Polres Banyumas, Iptu Erwin Siregar, kedadeyan kuwe merga supir angkote kebanteren gole njalana mobil angkote. Dadine pas posisi nikung malah kabenjur maring tengen.
"Ora mung kuwe thok, merga wis ora teyeng ngendalikna setire, si supir ya mbanting setir maring tengen ngangsi ngancab wong sing nunggang motor kambi angkote njungkel maring wangan. Kedadeyan kuwe ya egin deslidiki neng pulisi men teyeng nggenahaken persise kenang apa gon teyeng kaya kuwe. Kanca-kanca egin njaluk katrangan seksi-seksi men datane lengkap," omonge. (M Abdul Rohman/05)

Wis demuat neng Harmas 24 April 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...