Papah Klapane Ambrol, Kaki Rodisin Tiba Mblentur Lemah

NEK wis tekdire mati, menungsa ya wis ora teyeng apa-apa maning. Urusan dunya ya wis deendeg, mbuh kuwe anu wong sugih utawa mlarat, nduwe jabatan mbuh ora jabatan lan liya-liyane. Kabeh bakal depertanggungjawabaken neng Gusti Pangeran, merga uripe menungsa wis deatur kabehan. Lamona kaya kuwe menungsa kudhu nduwe krenteg men terus nglakoni amal kebagusan nggo sangu urip neng akerat.
Dalan pati ya werna-werna rupane, mbuh kuwe amerga kacilakan, nduweni pernyakit mbuh sabab apa. Kayata crita sing siji kiye sing dealami neng Kaki Rosidin Ralim (60), wong sekang Desa Karangmangu Kecamatan Purwojati, Banyumas. Kaki Rosidin sing ndina-ndinane pahal sekang kasil nderes nira klapa, dina Rebo (6/5) malah apes tiba sekang wit klapa pas agi nderes.
Nek werta sing detampa Harmas sekang cathetane pak pulisi, pas kuwe antarane jam tengah lima sore Kaki Rosidin lunga maring kebon klapa sing adohe satus meter sekang umahe. Bosa gutul kebon klapa, kaya biyasane Kaki Rosidin ya gageyan nglingkrik menek wit klapa. Ningen merga agi apes, pas ndemek pang tuwa, papahe ambrol dadine tiba maring lemah.
Kang Karso (56), wong sing nakseni kedadeyan nyritakna, wiwitane pas dheweke agi mlaku liwat kebon klapa weruh Kaki Rosidin wis kemureb neng ingsor wit klapa sing duwure sepuluh meter. "Pas nyong mlaku liwat kebon klapane Kaki Rosidin, ya antarane jam lima sore nyong weruh Kaki Rosidin wis nggletak neng ingsor lemah. Nyong ya gageyan niliki kahanane Kaki Rosidin," omonge pas detakoni pulisi.
Nah pas detiliki sing nemen, Kaki Rosidin wis bitha-bithu neng sirah lan awake merga tiba mblentur maring lemah. Ningen pas decek egin ana ambegane. Merga egin ana ambegane, Kang Karso ya langsung ngorong-ngorong njaluk pitulung maring warga. Warga sing krungu ya gageyan teka maring nggon kedadeyan lan gotongan nggawa maring Rumah Sakit Wisnu Husada Patikraja men olih pertamba.
Ningen merga bangeting parah tatu sing neng sirah lan awake, Kaki Rosidin ya ngetokna ambegan sing dadi pungkasane urip pas neng dalan. "Bosa decek neng dokter, jarene wis ora ana ambegane. Dadine kedadeyan kuwe langsung delapuraken maring Polsek Purwojati," omonge maning. Pulisi sing olih lapuran ya gageyan maring nggon kedadeyan lan njaluk katrangan maring seksi-seksi.  
Nek ujare Kapolsek Purwojati, AKP Hartoyo, matine Kaki Rosidin bener merga tiba sekang wit klapa sing agi dederes. Pulisi sing teka maring kebon klapa gone Kaki Rosidin nemukna papah sing ambrol. "Kayan-kayane pas depenek malah papahe ambrol, dadine Kaki Rosidin tiba maring lemah. Merga bangeting seru ngantem lemah, Kaki Rosidin ya tatune parah neng sirah lan awake," omonge.
Anane kedadeyan kiye, mayide Kaki Rosidin ya wis debalekna maring kluargane men dekuburaken. Kluargane ya wis nrima nek kuwe anu musibah. "Kiye kena nggo dadi pengemut Sedulur kabeh sing uga cokan penekan. Nek agi nderes tulung nggo perkakas sing aman lan padha dengati-ati. Pokoke aja kewanen manjat ora nggo perkakas ya sedulur," welinge Pak Hartoyo. (M Abdul Rohman/05)

Wis demuat neng Harmas 9 April 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...