Ijig-ijig Nyebrang, Nini Sawen Ketabrak Motor

SEDULUR nek agi numpak tunggangan aja banter-banter ya, mendhing alon-alon asal kelakon. Rumangsane dalane dudu nduweke dhewek, gole numpak ya sing patut. Aja slengekan, aja kambi hapean lan sing agepan nyabrang ya ati-ati, clingak-clinguk dhisit aja ngoyok. Nek wis kebanjur kaya crita sing kiye ya mangkel dhewek, malah teyeng bae ndadikna wong liya kapesan.
Wingi nyong olih werta babagan nini-nini ketabrak motor pas agi nyebrang neng Jalan Raya Notog-Karangdedep mlebu Desa Notog Kecamatan Patikraja, Banyumas. Nini-nini sing agi apes arane Nini Sawen (71), wong sekang Kelurahan Karangklesem Kecamatan Purwokerto Timur. Merga detabrak motor, ninine ya njungkel neng aspal ngangsi kudu mondhok neng Rumah Sakit Siaga Medika Banyumas.
Nek werta sing dekumpulaken sekang cethetane pak pulisi, Nini Sawen kacilakan dina Setu (21/3) antarane jam telu sore. Nek miturut omongane, Rusfianti (27) wong sing nakseni kedadeyan, wiwitane ana motor Honda Astrea Grand plat nomere R 3015 SA sing degawa Ruswanto (40), wong sing asale sekang Desa Karangendep Kecamatan Patikraja laju sekang wetan bantere ya seket kilometer sejame.
Bosa seket meter wetan wates desa, ijig-ijig Nini Sawen koh nylonong nyebrang dalan.  Merga Kang Ruswanto agi lumangyan banter, dadine ya kaget lan nggragap agepan  ngerem kayong kangelan pisan. Dadine senajan reme wis deedek kayong nenet pisan  ningen tetep bae nabrak Nini Sawen. Nini Sawen sing detabrak motor ya kontal neng aspalan ngangsi nggludhag.
Merga bangeting banter karo ngantem aspal, siraeh Nini Sawen ya bocor gubyak getih. Nek sing nunggang motor ya kebalang ngangsi balung slangkane tugel. Warga sing nakseni kedadeyan kuwe ya gageyan nulungi kahananan sing cilaka. Warga gageyan bopongan lan nggawa mlayu maring Rumah Sakit Siaga Medika Banyumas men wong sing padha cilaka gageyan detambani.
Nek ujare Kanit Laka Lantas Polres Banyumas, Iptu Erwin Siregar, kacilakan kuwe merga sing nunggang motor kurang ati-ati pas nunggang motor dadine malah ora weruh ana wong agepan nyabrang. “Kudune nek agi nunggang motor kuwe ati-ati dadi ora ngangsi cilaka kaya kuwe. Wong sing agepan nyabrang kuwe kudu luwih dedhisitna, dadi men ora cilaka aja banter-banter gole motoran,” welinge. (M Abdul Rohman/05)

Wis demuat neng Harmas 24 Maret 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...