Tanah Pemkab nggo Lokalisasi?

TULUNG kiye dimuat Harmas. Ben Harmas melu andil brantas maksiat. Tulung kue pak bupati, satpol PP, karo dinas sosial. Nang Ketapang, Pasir Kidul, Purwokerto Barat, ana lokalisasi gone mbok Rwn ya ditertibna. Awan butul wengi marekna inyong pada risih. Luraeh ya meneng bae, kue mbok manggone nang tanah pemda.(+6285325421814)

ANEH..., PDAM ajibrang tah banyune miline nek pas arep ditarik bayaran  tok khususe banyu sng mili jog pasar. Mengko nek ws dibayar esuke banyune umpetan maning, miline wengi be kadang mili kadang ora. Kudune wengi go ngaso malah esih ketayapan ming psar ngadangi banyu go esuke. apa ditarik bayare harian bae yah PDAM Ajibarang? Ben gal dina mili terus.(+6285647886314)

TARIF angkut urung medun. Jaan ora sportif bngt ujarku rega BBM medun ws suwe tur pemerintah/organda ya ws nentukna tarif angkutan, tapi esh ana supir sing nganggo tarif lawas bae. Apa pura2 ora ngerti apa piwe? Apa maning nek duwite kudu ju2l, mulane siki ta kudu gawa/bayar duit sing pas bae.(+6281903284765)

JENENGE ukuman mati kuwe wis ana kawit kuna mekuna. Wong pancen aturan hukum nang Indonesia mengenal anane hukuman mati. Penjahat mbuh teroris mbuh pembunuh sing mateni korbane kanthi sadis, ukumane ya mati. Klebu penjahat narkoba kuwe apamaning pantes pisan deukum mati. Dadi ora susah padha kakehan omong lah....(6283891933164)

DELA mening rep ana eksekusi mati. Jane melasi loh...pancen ya bener kue salah. Tuhan be maha pengampun ya luuur...Masa persiden sing menungsa ra bisa aweh kesempatan.(+6285291500288)

SING pada eling lan waspada maring arane bank ucek2 utawa bank harian apa mingguan kue angger ngewei utangan pada ra nganggo persetujuane wong lanang. Ngapunten niku dinas terkait kabupaten Banyumas mohon ditertibna. (+6285227967005)

KAMI minta kepada dinas terkait pemerintah kabupaten Banyumas. Untuk mengecek keberadaan koperasi atau itu namane bank harian atau mingguan. Apakah legal atau ilegal izin usahanya.(+6285227967005)

UJARKU ya rega BBM ya sing genah ya sedulur se negara, wong rega BBM kaya lagi menek wit, wis olih sing di pet terus mudun. Ujarku  malah suka manjat 10.000 sisan tapi seteruse aja dela-dela manjat,melas sing pada penghasilane pas-pasan. Ya sing lewih ya makmur, lha sing kurang kan malah dadi lebur,uwalah,rega koh kaya wong penekan jan jan.(+6285878967722)

Wis demuat neng Harmas 2 Februari 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...