Motoran Koh Ndlenger, Motor Loro Padha Tabrakan

WIS bulan balen detuturi, nek numpak motor aja banter-banter, aja ndlenger lan aja sekepenake dhewek. Sing jenenge kacilaken jean meh samben dina ana. Kiye ana kacilakan sing mergane motoran koh ndlenger, dadine malah tabrakan neng karo motor liyane neng Jalan Raya Ajibarang mlebu Desa Karangbawang Kecamatan Ajibarang, Banyumas pas dina Senen (24/8) andwing wingi.
Nek werta sing detampa Harmas sekang cathetane pak pulisi, kacilakan kuwe kedadeyan antarane jam lima luwih limalas sore. Kang Kusno (31), salah sijine seksi ngomongna, wiwitane kacilakan pas kuwe ana motor Honda Revo plat nomere R 5690 PE laju banter sekang kidul. Motor kuwe agi degawa neng Tahlur Maulana (16) cah sekang Desa Pancasan Kecamatan Ajibarang.
Bosa rongatus meter lor pabrik semen Bima Ajibarang, motor kuwe ijig-ijig koh ngloyor maring tengen. Nah pas kuwe uga sekang arah sewalike ana motor Honda Revo plat nomere R 2623 NE detunggangi kang Ahmad Faozi (23), wong sekang Desa Randegan Kecamatan Wangon. Merga jarake wis kadung pedhek, tunggangan loro kuwe ya ora teyeng ngilari dadine malah tabrakan.
Wong sing padha nunggang motor ya tiba ngguling neng aspalan. Warga sing padha nakseni kedadeyan kuwe ya gageyan mlayu nulungi. Amerga kacilakan kuwe, si Tahlur karo kang Ahmad ya padha tatu lumangyan parah lan kudu degawa maring Rumah Sakit Umum Daerah (RSUD) Ajibarang men olih pertamba. Kedadeyan kuwe ya gageyan delapuraken maring Polsek Ajibarang.
Olih lapuran kuwe, anggota pulisi ya gageyan teka maring nggon kedadeyan tujune olah TKP kambi njaluk katrangan seksi-seksi lan ngamanaken motor sing padha cilaka. Nek ujare Kanit Laka Lantas Polres Banyumas, Iptu Erwin Siregar, kacilakan kuwe kedadeyan merga sing nunggang motor sekang kidul ndlenger dadine malah ngloyor maring tengen lan detampani motor sing sekang lor.
 “Sekang kasil slidik kacilakan kuwe merga sing nunggang motor Revo sekang kidul ndlenger malah ngloyor maring tengen lan tabrakan karo motor Revo sing laju sekang arah sewalike. Mulane nek motoran kue aja banter-banter, pokoke padha sing ati-ati. Rumangsane dalane egin ya rame ya gole anggon-anggon ya sing sepatute," welinge pak Erwin. (M Abdul Rohman/05)

Wis demuat neng Harmas 27 Agustus 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...